Senin, 30 Agustus 2010

Sarada Sremawut

Sawiji dina ana Kyai omong-omongan gamen santrine Sedul (Maaf : bukan Senang duit lho). Aran asline tah ndeyan Si Dul, Dullah, Duladi, Dulkamdi, atawa Duraman sing jelas dudu tukang adul-adul... Aja salah lho. Angger salah, ya belih papa wong arane be crita (kapicirit ng bata). Kaya kiye ngendika Kyai, "Dul kon kudu ati-ati karong sing arane ati, ya Dul, ya... Wong ati barang tah satitik tapi bahayane Dul bisa tekan ke liang pati".
"Nggih, Kyai...". Jare Sedul. Njawab sakenane mbuh paham, mbuh belih. Sing penting suwe-suwe ngko paham.

"Dul, koen ngko ngerti wolak-walike jaman... Ya, kaya wolak-walike ati. Akeh sing kleru dadi panutan... sing bener malah ditinggal". "Nggih, Kyai...". Jare Sedul. "Ati-ati koen bisa belih bisa bakale mangan sing tangan wong-wong sing katone njabane tah Islam njero tah Setan". "Maksude, Munafik Kyai". Kyai mesem, "Wah, bocah delenge belih bisa jebul-jebule nyandakan... Eling-elinga Dul, koen aja akeh omong-omong, kecuali sing penting-penting bae." Sedul ngrongokna omongane kyaine kaya-kaya takdim nemen. "Koen ngomong masalah dunia mung angger nerangaken masalah takhadus bi ni'mah. "Nggih, Kyai." Jawab Sedul kayong nyandak...


Sabubare balik sing Kyai, Sedul crita-crita deweke tau nyantri ng Kyai sing paling Jempol. Critane masalah dunia, sing penting "takhadus bi ni'mah". pikir Sedul. Mbuh ngerti mbuh belih apa kuwe takhadus bi ni'mah. Sing penting sembahyang sing kenteng, angger ana wong takon takjawab jare kyaine nyong. Mbuh tah kyai ngomong maksude a paham b, sing penting nyong pahame kaya kuwe... Terus sing melu wis akeh


Na'udzubillah min dzalik..., Bener Rasullah wis ngendika kaya dene ng Kitab Usfuriyah.

1 komentar:

Berikan Komentar Anda di sini!